Dalan iki biyen nate tak liwati
Nalikane langit mendhung kutho ngawi
Sendang glagah wis ginurit jroning ati
Saben liwat aku ora biso lali
Nalikane langit mendhung kutho ngawi
Sendang glagah wis ginurit jroning ati
Saben liwat aku ora biso lali
Tak ulati isih koyo wingi uni
Ora kroso luh tumetes mbrebes mili
Roso nglangut yen katon pan tanpo pagut
Ora kroso luh tumetes mbrebes mili
Roso nglangut yen katon pan tanpo pagut
Katresnanku rinenggut purbaning pesthi......
Syair lagune ki dalang poer lek tak rungokne jan marai ati iki ngenes, koyo crito urip sing lagi tak lakoni, sing tak karepake pancen ora kudu kelaksanan, tapine lek wes masalah tresno kuwi jan mlebu neng ati, ngresep neng jantung, ra iso lali mergo enek sitik loro ati..
Nanging enek sing ngandani lek wong urip kuwi kudu sumeleh, kabeh wes enek sing ngatur, menei dalan, sepiro gedine rejejki, jodo karo kapan tekane mati..
Nanging enek sing ngandani lek wong urip kuwi kudu sumeleh, kabeh wes enek sing ngatur, menei dalan, sepiro gedine rejejki, jodo karo kapan tekane mati..
Semono yo urung iso tak trimak ake, isek tak bayangne kowe karo aku dadi siji, masiyo kapan, opo nek urip sing model piye, aku mek iso nglamun, mbayangne sing ora nyoto..
Ah, piye lek aku arep ngopeni kowe, wong ngurusi awakku dewe ae aku ra becus, piye ae aku mesti nompo lek awakmu milih liyane.... ..... ......
enek lagune mas iwan pals sing judule "aku bukan pilihan" lek kowe milih utowo golek sing luwih apik, aku uduk pilianmu.....
Masiyo wes kasep, wes kadung atiku tatu, aku mung iso matur,
langit mendung nek atiku, kuwi tondo lek aku ora mek gombal, aku ra ngapusi, yo marai lagi ra duwe duwit.... hihihihihi....
Tapi opo koyo ngono caramu golek bojo, kok gampangmen lali, nglali, pindah liyane, opo kabeh kudu diwujudne karo duwit, duwit, duwit, duwit.... ...... ..... .......
Akhire, neng pungkasane crito, aku mung misuh misuh neng sanubari .... fuck them all, son of a bitch, lan sapanuggalane, kangge nutupi kekalahanku, hihihi........